ramalan betaljemur adammakna, betaljemur adammakna, ramalan, primbon

Wedaran Kitab Betaljemur Adammakna
Neptu Dina lan Pasaran Miturut Pitungan Jawa

Wiwit jaman kuna para leluhur kita wus nate nilari ilmu, kang disusun anaing Kitab Betaljemur Adammakna. Salah sawijine ilmu mau yaiku petungan neptu dina lan pasaran. Kagone wong Jawa neptu dina lan pasaran iku duweni wigati kang gede. Ora mung sadremo kango mengerteni jumlahe pitungan neptu, uga saka neptu iku wong Jawa bisa mengerteni sifate, rejekine, apse, lan liya-liyane.

Ing Rubrik Bahasa Jawa, redaksi babareken wedaran Kitab Betaljemur. Kitab punika babon aslinipun kagungan dalem Kanjeng Pangeran Harya Tjakraningrat, lajeng kaimpun dening R.Soemodidjojo.
Kitab punika ngemu isi ngewrat ilmu-ilmu Jawi titilaranipun leluhur ing jaman kina. Wajib kita pepetri amargi nyata bilih ilmu-ilmu ingkang kasebut ing primbon punika dados kabetahaning ngagesang ing sadinten-dinten.

Ingkang pembuka bade kawedar babagan neptu dina pasaran miturut petangan Jawi. Inggih punika;

Petangan dina :
Akad neptu 5, Senin 4, Selasa 3, Rebo 7, Kamis 8, Jumat 6, Setu 9.

Petangan pasaran :
Kliwon neptu 8, Legi 5, Pahing 9, Pon 7, Wage 6.

Petungan sasi lan taun,
Yen sasi Suro neptu 7, Sapar 2, Rabinguawal 3, Rabiungakhir 5, Jumadilawal 6, Jumadilakhir 1, Rejeb 2, Ruwah 4, Pasa 5, Sawal 7, Dulkaidah 1, Besar 3. Taun Alip neptu 1, Ehe 5, Jimawal 3, Je 7, Dal 4, Be 2, Wawu 6, Jimakir 3.

Dina ala lan ala banget
Dina ala iki ora kena kanggo lelungan lan liya-liyane, yaiku Akad Paing, Setu Pon, Jumuah Wage, Selasa Kliwon, Senin Legi lan Kemis Wage. Dina kang ala banget, Rebo Legi, Akad Paing, Kemis Pon, Selasa Wage lan Setu Kliwon.

Warsa (taun) kang ora kena kanggo mantu lan sapadhane, pitunge ajeg tiba saben tanggal 29 utawa 30 sasi Besar. Yen tiba taun Alip ana ing dina Setu Paing, taun Ehe dinane Kemis Paing, Jimawat dinane Senen Legi, Je dinane Jumuah Legi, taun Dal tiba dina Rebo Kliwon, taun Be tiba dina Akad Wage, taun wawu dinane Kamis Pon, taun Jimakir tiba dina Slasa Pon.

Sangaring warsa (taun)
Uga ora kena kanggo mantu lan sapadhane, pitunge ajeeg tiba tanggaping warsa let 3 dina, (saben sasi Suro tanggal 3). Yen tiba tahun Alip dinane Jumuah Legi, Ehe tiba Slasa Kliwon, Jimawal dinane Akad Kliwon, Je dinane Kemis Wage, taun Dal dinane Senin Pon, Be tiba dina Setu Legi, Wawu Rebo Paing lan Jimakir tiba dina Akad Legi.

Sasi kang rahayu, becik kanggo samubaranggawe kang perlu.
Yen tiba sasi Besar, Sura, Sapar dinane Rebo, Kemis. Sasi Mulud, Rabingulakir lan Jumadilawal dinane Jumuah. Sasi Jumadilakir, Rejeb lan Ruwah dinane Setu, Akad. Sasi Pasa, Sawal, Dulkaidah dinane Senen lan Slasa.

Sasi Sarju, yaiku sasi kang sedeng kanggo samubaranggawe. Yen tiba sasi Besar, Sura, Sapar dinane Jumuah. Mulud, Rabingulakir, Jumadiiilawal dinane Setu, Akad, Jumadiilakir, Rejeb, Ruwah tiba dina Senen, Slasa.. Sasi Pasa, Sawal lan Dulkaidah diinane Rebo, Kemis. (sis)

Sangaring Tanggal
Sangaring tanggal kang prayoga disirik samubarang gawe kang perlu. 
Sasi
Tanggal
Dina
Kadadeyane Taliwangke
Sura
17,27,11,14
Rebo paing
Luwih gedhe rubedane
Sapar
12,22, 1,20
Kemis pon
Sinung lara kesandung
Mulud
13,23,10,15
Jum’ah wage
Sinung lara weteng
Bakdamulud
15,25,10,20
Saptu kliwon
Larane lunga teka
Jumadilawal
16,26,10,11
Senen kliwon
Sinung lara bebalung
Jumadilakir
11,21, 3,14
Selasa legi
Sinung lara owah
Rejeb
2,22,11,12
Rebo paing
Sinung klebon wisa
Ruwah
14,24,19,28
Kemis pon
Kena wisane dhewe
Pasa
15,25,10,20
Jum’ah wage
Sinung lara mata
Sawal
17,27, 2,20
Saptu kliwon
Gung kena perkara
Dulkangidah
11,21, 6,12
Senen kliwon
Sinung gring kapit
Besar
13,23, 1,20
Selasa legi
Gung kasusahan

Petung Pasatohan salaki rabiPetungan panganten lanang lan wadon, neptune dina lan pasaran digunggung banjur kabagi 9, lanang turah pira wadon turah pira.
yen turah :
Turah
Keterangan
Turah
Keterangan
1 lan 1
becik kinasih
4 lan 4
kerep lara
1 lan 2
becik
4 lan 5
akeh rencanane
1 lan 3
kuat,adoh rejekine
4 lan 6
sugih rejeki 
1 lan 4
akeh bihahine
4 lan 7
mlarat 
1 lan 5
pegat
4 lan 8
akeh pangkalane 
1 lan 6
adoh sandhang pangan
4 lan 9
kalah siji 
1 lan 7
sugih satru
5 lan 5
tulus begjane 
1 lan 8
kasurang-surang
5 lan 6
cepak rejekine 
1 lan 9
dadi pangautan
5 lan 7 
tulus sandang pangane
2 lan 2
slamet, akeh rejekine
5 lan 8
akeh sambekalane
2 lan 3
gelis mati siji
5 lan 9
cepak sandang pangane
2 lan 4
akeh godang
6 lan 6
gedhe bilahine
2 lan 5
akeh bilahine
6 lan 7
rukun
2 lan 6
gelis sugih
6 lan 8
sugih satru
2 lan 7
anake akeh mati
6 lan 9
kasurang-surang
2 lan 8
cepak rejekine
7 lan 7
ingikum maring rabine
2 lan 9
akeh rejekine
7 lan 8
nemu bilahi saka awake dhewe
3 lan 3
mlarat
7 lan 9
tulus palakramane
3 lan 4
akeh bilahine
8 lan 8
kinasih dening wong
3 lan 5
gelis pegat
8 lan 9
akeh bilahine
3 lan 6
oleh nugraha
9 lan 9
giras rejekine
3 lan 7
akeh bilahine


3 lan 8
gelis mati siji


3 lan 9
sugih rejeki



Keterangan :
Saumpama weton panganten lanang Jumuah Kliwon neptune 6 + 8 = 14 , kabagi 9, turah 5.
Weton panganten wadon Jumuah Paing, neptune 6 + 9 = 15, kabagi 9 turah 6.
Dadi 5 lan 6 tiba cepak rejekine, iku becik.

Petung salaki rabi
Wetone panganten lanang wadon, neptune dina lan pasaran digunggung, banjur kabagi 4, turah pira.
  • Yen turah 1 tiba Gentho yaiuku larang anak.
  • Yen turah 2 Gembili, sugih anak,
  • Yen turah 3 Sri, sugih rejeki lan
  • Yen turah 4 tiba Punggel, mati salah siji
Keterangan :
Saumpama wetone panganten lanang Jumuah Pon, 
neptune 6 + 7 = 13.
Penganten wadon Kemis Paing 
neptune 8 + 9 = 17.
Gunggung 13 + 17 = 30, kabagi 4 turah 2 tiba gembili, sugih anak.

Recent Posts

comments powered by Disqus